Jumat, 18 Desember 2009

Kanggo Pangeling Eling

SAPA KANG MOKAL IKU BISA KEPOAL

By Mas Kumitir

Dek jaman embah buyut kita biyen ngolah sawah sakbagean bisa metu panen 8 sangga, saiki bareng diolah putra wayahe mung bisa panen 5 utawa 6 sangga, kang mangka wis ditata miturut jaman saiki iku wis luwih utama, nanging bangsa kita akeh-akeh sok mokal, ninggal wewalering wong kolot, dudu jaman maju (modern), saiki kena dirasakake, kang ninggal pituture wong kuna Budha, mbanjur nganggo pituture bangsa seje, iku kena dirasakake kasile, kang mangka saya akeh pamanggane, gek kepiye buyut kita ing tembe, yen bangsa kita pada lali mula bukane kuna-kunane, dene saiki bangsa kita dadi rebutan, kebatinane arep dirobah-robah supaya ndepani marang seje praja, mbanjur ngala-ala marang tanahe dewe, kang ing jaman kuna wis kuncara, tumeka ing manca praja.

Kena diparibasakake, duwe omah dewe kang apik disepirakake dipilalah mondok-mondok nenunut omahe kancane, iku sayekti ilang pengajine, (mung marga kurang pemiarane) ana pengandikane wong kuna mengkene :

1.“Satriya ilang tejane” jalaran maju 10 langkah, nanging ninggal kabudayaan, andadekake peteng ndedet panggalihe.

2. “Kali ilang kedunge” jalaran yen duwe duwit, kesusu kanggo obral-obralan kang ora maedahi, dadi kesugihane ora bisa mandeg utawa ngedung, wusana banjur pada bingung saya suwe saya ngelayung, malah lali Bapa Biyung ora ngimani emben burine.

3. “Wong tani ilang kaberkatane” margo ninggal pituturing kaki, mbanjur ora dianggep ing Ibu pertiwi, yen panen ora kanggo rong sasi, Biyung Tani ngrasa rugi.

4. “Pasar ilang kumandange” jalaran para sudagar wis kentekan pokok (modal) dadi ora kuncara kaya jaman kuna jalaran kesiku marang kang mbau reksa, ngumbara kurang weweka ajak bangsa dadi wong manca, iku dek jaman kuna, sudagar Jawa kumandang (kuncara manca praja) mula iku aja pada digagas lan dirasa-rasa.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

Bloge mas kumitir : http://alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar